Sunday, May 26, 2019

Belanja Karo Anak Wedok

 Nyedaki dina riyaya, aku nyempetne blanja kanggo keperluan lebaran. Kepentingane akeh. Kapisan, kudu blanja kanggo wong-wong kinasih. Masiyo ora akeh yo icak-icake ana THR sithik, khususe kanggo Wawak. Kapindho, yen nyedaki lebaran ki warung-warung cedhak omah podho tutup. Akeh sing mudik, dadi kudu ana persiapan barang-barang kebutuhan sadina-dina.

Katelu, masiyo aku ora nganakake open house, aku tetep nyiapne cemilan. Paling ora ya kanggo aku dhewe, anak-anak lan bapake. Yen ana tamu sing ndayoh ben ra kakehan wirange, tetep ana kopi teh karo kanca-kancane.

Dina iki aku blanja dikancani bojoku lan anak wedokku. Iya, pancen dudu anak kandung tapi dheweke ki yo tetep anakku. Dheweke nyeluk aku nganggo panggilan mesra :"Ibuk." Iku wis pakulinane kawit biyen soko jaman dheweke isih blajar ngomong.

Sing blaik ki, cah ayu iki yen nyeluk bojoku nganggo sebutan: "Oom." Lha, pernah pas biyen takjak metu wong telu, mangan nasi goreng neng daerah Way Halim, dheweki ki ndusel aku nyeluki ibuk, mari ngono lha kok malah bengak-bengok ganti nyeluki bojoku sing isih neng parkiran:"Oom, oom!"

Wong-wong sing neng sekitarku podho nyawang. Mungkin pikire ibuke cah ethes iki lagi mangan bareng karo oom-oom. Halahhh...

Lha blaen tenan, iki mau yo kelakon. Pisan-pisan dheweke nggeret aku karo nyeluk: "Ibuk, ibuk..." Terus lanjut tuding-tuding rono-rene nyeluk bojoku: "Oom, omm..."

Jan tenan kok. Takpites irunge: "Ojo kenceng-kenceng hoii..." Mas Hendro cengar-cengir malah ngguyoni aku:"Ibuke lagi blanja karo oom-oom. Hihihi..."



2 comments: