Thursday, May 24, 2007

Kekuatan Kang Ora Kawedhar

(Catetan seje saka Balikpapan)


Aku nemokake 'kekuatan sabda' kang pinayungan para pinisepuh saka sakupenge samodra kidul. Ana pesen kanggo para putra wayah, kang gamblang cetha wela-wela. Yaiku, supaya ngati-ati ing tahun 2007 lan 2008. Gesekan hawa bakal panas, bisa dadi perang sedulur. Guyub rukun dadi sarana utomo kang kudu diusahake. Guyup rukun kang dadi kekuatan.

Iku mau pesen saka Lurah Sarirejo, Dusun Sekararum. Sing gapura pendopone katulis "Tritunggal' nganggo boso dan huruf jawa. Kang kawibawane kasebut asma "Pengayom". Ing asma iki sadaya pinisepuh wus ngumpul dadi kekuatan sabda. Metu ing simbol timbangan lan wit ringin. Adil lan ayem.

Pesen iki saka Eyang Putri Ratu Mas kanggo para putra wayah, yaiku sapa bae kang migunaake sakabehing akal budi kanggo 'leres'. Pesen kang kawedhar amarga prihatin mring para wayah kang ora mangerteni maneh bebasan wingit. Ora percaya maneh marang kakuatan adi kang ora ketingal!

(Tanda tanya besar menyertai tulisan ini. Ungkapannya sendiri muncul di lantai 2 rumah Balikpapan, usai nikah Veka)

No comments:

Post a Comment